Senin, 22 Januari 2024

SESORAH BAHASA JAWA

 SEKOLAH ADIWIYATA

    Assalamu’alaikum Wr.Wb 

Alhamdulillahi robbil ‘alamin assholatu wassalamu ‘ala asyrofil ambiya’i wal mursalin, wa’ala alihi wasohbihi ajma’in ‘amma ba’du.Ingkang kula hormati Bapak Mochamad Nur Efendi S.Pd minangka guru basa jawi lan rencang-rencang ingkang kulo tresnani.Saderengipun Monggo kita sesarengan njunjungake puja lan puji syukur dumateng Gusti Allah Swt amargi sampun pinaringan berkah lan karunia saengga kita sedaya pinaringan makempal kanthi sehat wal’afiat. Sholawat lan salam mboten kasupen tansah kita kunjukaken dumateng nabi panutan kita nabi agung Muhammad SAW.Mugimugi kita angsal syafaatipun mbenjang wonten ing yaumul qiyamah.Tepangaken nami kulo Shofiyatul Ulya.Ing kesempatan ingkang bingah menika izinaken kula ngaturaken sesorah ingkang kagungan irah-irahan Sekolah Adiwiyata.

    Apa sampeyan ngerti apa iku Sekolah Adwiyata? Sekolah Adiwiyata yaiku sekolah ramah lingkungan sing sehat,resik,lan asri. Program adiwiyata menika dipunajeng-ajengsaged ndadosaken sedaya masyarakat sakiwa tengenipun sekolah saged mangertosi yen lingkungan sing ijo mujudake lingkungan ingkang sehat kangge kesarasan badan.Kanggo ngelaksanaake program adiwiyata sekolah uga bisa dilakoni wolu cara yaiku: 

1.Jadwal piket kelas saben dino.

2.Program jum’at bersih.Program jum’at bersih yaiku nindaake kegiatan njaga lingkungan sekolah.

3.Ekstrakulikuler lingkungan.Ekstrakulikuler lingkungan yaiku nindaake kegiatan berbasislingkungan kayata nandur lan ngatur lingkungan.

4.Anane fasilitas berbasis lingkungan kayata taman toga.

5.Nggawe lan masang logo babakan kebersihan.

6.Pengolahan sampah utawa botol plastik.

7.Nggawe TPS kanggo sampah organik lan anorganik

8.Presentasi babakan lingkungan.


    Adiwiyata sekolah uga ndueni paedah,yaiku:

1.Ngowahi perilaku warga sekolah supaya luwih bisa njaga lingkungan.

2.Ningkatake kualitas sinau.

3.Dadi papan sinau kanggo generasi muda.

4.Nggawe kahanan guyub rukun kanggo kabeh warga sekolah.

5.Nyegah kerusakan lingkungan.

6.Ningkatake penghematan sumber dana sangking pengurangan sumber daya lan energi.

    Akeh banget paedahe Adwiyata kanggo urip kita, mula kita nggawe lingkungan Adwiyata.Kanthi program adiwiyata sekolah mugo-mugo kabeh warga sekolah bisa nyadari yen lingkungan ijo mujudake lingkungan ingkang sehat kangge kesarasankita.Kulo kinten cekap semanten sesorah ingkang saged kulo aturaken.Menawi wonten lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten.Mugo-mugo nopo ingkang kulo maturaken wonten manfaatipun kagem panjenengan sedoyo, Santen parutan klopo,cekap sumanten atur kawulo

 Wassalamu’alaikum Wr.Wb.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

JEJAK KARBON

SEBAB AKIBAT KONTRIBUTOR  JEJAK KARBON       J ejak Karbon adalah jumlah emisi gas rumah kaca yang dihasilkan oleh aktivitas manusia, baik s...